Monday, March 26, 2018

Latihan Soal Ulangan Kenaikan Kelas Semester II Kelas VI SD Mata Pelajaran Bahasa Jawa

Download Kumpulan Soal LENGKAP

Selamat datang di "ketikansoal.blogspot.com" telah menyajikan beberapa kumpulan soal Ulangan dan Materi. Kumpulan Soal ini dapat juga sebagai daftar referensi ibu/bapak mengajar atau dapat juga mengajari anak di rumah.




Soal Berikut ini adalah contoh Latihan Soal Ulangan Kenaikan Kelas Semester II Kelas VI SD Mata Pelajaran Bahasa Jawa  yang terdiri dari pilihan ganda dan esay. silahkan didownload untuk bahan belajar anak atau murid anda. Semoga Soal ini dapat bermanfaat.

I. Wenehna tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe tembung kang mathuk!
               Ing mangsa ketiga kreteg kang rusak banjur didandani sarono gotong royong. Wong-wong padha pangerten dhewe-dhewe sing duwe pring padha urun pring, sing duwe kayu urun kayu, ono kang urun semen,watu uga wedhi. Cekake, kabeh kabutuhan kanggo ndandani kretegpada teka dhewe, ora ana kang maksa. Dene lakune gotong-royong dipandhegani dening kepala dhusun kang dadi sesepuh utawa bapa baune wong–wong sadusun.

1.Apa kang ditindakake wong-wong ing mangsa ketiga ?
a. Gotong royong dandan kreteg
b. Gotong royong gawe kreteg
c. Gotong royong mindah kreteg
d. Gotong royong nggotong kreteg

2. Ukara Pokok wacan ing nduwur yaiku …
a. Wong wong ing padusun pada pangerten
b. Kreteg kang rusak didandani sarana gotong-royong
c. Kabeh kebutuhan kanggo dandan kreteg pada teka dewe.
d. Gotong royong dipandegani dening kepala dusun

3. Wong padesan pada dandan kreteg. Tembung kang padha tegese karo tembung gotong royong yaiku…
a. Tumandang gawe
b. Munggah gunung
c. Nyambut gawe
d. Gugur gunung

4. Witing mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso. Cangriman mau batangane…
a. Godong nangka
b. Godong duren
c. Godong mlinjo
d. Godong gedang

5. Danu kuwi bocah landep dengkul. Mula ora munggah kelas. Landep dengkul tegese…
a. Bodho
b. Nakal
c. Pinter
d. Sregep

6. Seni kethoprak mligine kethoprak panggung kang asipat tradisional, sengsaya kadesak dening kesenian kang asipat moderen, kaya dene filem, video, CD utawa VCD.
Inti paragrap ing dhuwur yaiku…
a. Mligine kethoprak panggung
b. Kesenian kang asipat moderen cacahe akeh
c. Kesenian kethoprak kadesak kesenian moderen
d. Kethoprak kalebu kesenian tradisional

7. Kanggo nyukupi kebutuhan pangan, para among tani pada nandur pari. Anggone nandur pari ing mangsa rendeng. Ing mangsa ketiga, sawah kang bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari. Malah sawah ing sakiwa tengene ilen-ilen saka waduk bisa ditanduri pari setahun kaping telu.
Irah-irahan kang trep kanggo paragraph ing duwur yaiku…
a. Among tani
b. Mangsa rendeng
c. nandur pari
d. tanah sawah

8. Ukara ing ngingsor kang migunakake basa karma yaiku…
a. Pak guru nendika yen awan iki arep tindakan
b. Pak guru ngendika menawa awan iki arep tindakan
c. Pak guru sanjang yen awan iki arep kesah
d. Pak guru ngendika menawisiyang menika badhe tindakan

9. Gadung mangkat sekolah ….udane deres banget
Tembung sambung kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku …
a. Lan
b. Karo
c. nalika
d. kanggo

10. Ukara ing ngingsor iki kang migunakake tandha waca kanthi trep yaiku…
a. “Man, ayo mulih saiki, kandane Budi marang Parman.”
b. “Man, ayo mulih saiki!” kandane Budi marang Parman.
c. Man, ayo mulih saiki! kandane Budi marang Parman.
d. Man, ayo mulih saiki? kandane Budi marang Parman.

11. Wong urip iku kudu sregep golek sandang…
a. Pangan
b. Papan
c. panggonan
d. sandhangan

12. Wong kang pagaweane gawe barang-barang saka wesi diarani …
a. Jlagra
b. Pande
c. sayang
d. kemasan

13. Bondan sinau maca jawa.
Bondan sinau nulis jawa.
Ukara ing dhuwu menawa digawe ukara majemuk dadi…
a. Bondan sinau maca jawa lan bondan sinau nulis jawa.
b. Bondan sinau maca jawa karo nulis jawa
c. Bondan sinau maca sinambi nulis jawa
d. Bondan sinau maca lan nulis jawa.

         Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
14. Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...
a. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
b. Bocah-bocah kelas VI kemah     
c. Kemah pramuka ing Wonosalam
d. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

15. Ukara sing nggunakake tembung rangkep dwi purwa yaiku ...
a. Bocah sing menang lomba oleh bebungah
b. Bocah-bocah padha dolanan ing latar
c. Aja bengak-bengok, simbah lagi sare
d. Yen dikandhani aja cengingisan

16. Sing kalebu tembung dwi lingga yaiku ...
a. Bapak-bapak
b. alun-alun
c. ondhe-ondhe
d. paru-paru

17. Kulite (busik) amarga adus banyu kali.
Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi wasana dadi ...
a. Busik-busik
b. busak-busik
c. sisiken
d. besisik

18. Ibu : “Mar, Mar, tangia!”
Marni : “Ana apa bu? Aku isih ... “
Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung ...
a. Nulis
b. maca
c. ngantuk
d. sinau

19. Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”
Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”
Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?
a. Kapan olehe kemah c. karo sapa olehe kemah
b. Apa sida melu kemah d. ing ngendi olehe kemah

20. Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...
a. HUT RT
b. Persami
c. Ulangan Harian
d. Perpisahan

21. Yen ditulis latin nganggo aksara latin yaiku ...
a. Congkrah agawe bubrah
b. Congkrah dadi bubrah
c. crah agawe bubrah
d. crah dadi bubrah

22. Badriah kuwi pancen bocah sregep.
Sregep kosok baline yaiku ...
a. Sembrana
b. ngebreh
c. bodho
d. kesed

23. Senapatine Kurawa ing perang Batarayuda yaiku ...
a. Gathutkaca
b. Adipati Karna
c. Nakula
d. Sadewa

24. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...
a. Guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra

25. Sing kalebu tembang macapat yaiku ...
a. Kinanthi, pucung, sinom
b. Kinanthi, sinom, balabak
c. Balabak, gambuh, mijil
d. Mijil, gambuh, megatruh

26. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.
Palastra padha tegese karo ...
a. Semaput
b. lunga
c. mati
d. ilang

27. Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese paribasan kuwi ...
a. Ora duwe kekuatan maneh
b. Tansah duwe rasa kuwatir amarga nandhang kaluputan
c. Wong pinter mungsuh padha pintere
d. Rebutan barang sing ora mbejaji

28. Kena iwake aja nganti buthek ...
a. Panggone
b. wadhahe
c. banyune
d. kaline

29. Ana brambang sasen lima, ayo berjuang ...
a. Bela Negara
b. nganti mati
c. sing taberi
d. nganti rekasa

       Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
30. Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku ...
a. Joko Seger
b. Roro Anteng
c. Joko Seger lan Rara Anteng
d. Gunung Lejar

II. Isinono ceceg ceceg ing ngisor iki kanti bener !

1. Raden Werkudara kuwi pancen satriya kang gagah ...
2. Raden Gathutkaca iku satriya iang ...
3. Wedang bubuk gula tebu Mata ngantuk ...
4. Aja (jawil) wae mengko mundhak didukani simbah.
    Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi lingga salin swara dadi ...
5. Bulik nggoreng iwak mujair.
    Lesane ukara kuwi yaiku ...
6. Karepe ngono lelaku irit, nanging malah ora keduman.
    Yen diparibasakake eman-eman ora ...
7. Granat, yen ditulis nganggo aksara jawa ...
8. Bapak dipun caosi unjukan kopi.
    Di pun caosi basa ngokone ...
9. Sing padha sregep sinau ... dadi bocah pinter.
10. Tembang pucung cacahe ana ... gatra.

III. Isinana!
1. Ukara iki gawenen basa krama inggil!
    Bapak lunga menyang Solo numpak sepur.
2. Ukara ing ngisor iki udhalen kanthi pola jejer – wasesa – lesan – katrangan!
    Tika methik kembang mlati ing taman.
3. Ukara kandha iki dadekna ukara crita!
    Bu Guru dhawuh “Kowe sing sregep sinau”
4. Gawea parikan sing trep nganggo ukara iki!
     Ngasah arit nganti landhep.
5. Tulisen nganggo aksara jawa!
    Abang-abang ora legi
Lihat kunci jawaban:

Download Kumpulan Soal LENGKAP