This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Showing posts with label Soal Bhs.Jawa Kelas VI. Show all posts
Showing posts with label Soal Bhs.Jawa Kelas VI. Show all posts

Monday, March 26, 2018

Latihan Soal Ulangan Kenaikan Kelas Semester II Kelas VI SD Mata Pelajaran Bahasa Jawa

Selamat datang di "ketikansoal.blogspot.com" telah menyajikan beberapa kumpulan soal Ulangan dan Materi. Kumpulan Soal ini dapat juga sebagai daftar referensi ibu/bapak mengajar atau dapat juga mengajari anak di rumah.




Soal Berikut ini adalah contoh Latihan Soal Ulangan Kenaikan Kelas Semester II Kelas VI SD Mata Pelajaran Bahasa Jawa  yang terdiri dari pilihan ganda dan esay. silahkan didownload untuk bahan belajar anak atau murid anda. Semoga Soal ini dapat bermanfaat.

I. Wenehna tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe tembung kang mathuk!
               Ing mangsa ketiga kreteg kang rusak banjur didandani sarono gotong royong. Wong-wong padha pangerten dhewe-dhewe sing duwe pring padha urun pring, sing duwe kayu urun kayu, ono kang urun semen,watu uga wedhi. Cekake, kabeh kabutuhan kanggo ndandani kretegpada teka dhewe, ora ana kang maksa. Dene lakune gotong-royong dipandhegani dening kepala dhusun kang dadi sesepuh utawa bapa baune wong–wong sadusun.

1.Apa kang ditindakake wong-wong ing mangsa ketiga ?
a. Gotong royong dandan kreteg
b. Gotong royong gawe kreteg
c. Gotong royong mindah kreteg
d. Gotong royong nggotong kreteg

2. Ukara Pokok wacan ing nduwur yaiku …
a. Wong wong ing padusun pada pangerten
b. Kreteg kang rusak didandani sarana gotong-royong
c. Kabeh kebutuhan kanggo dandan kreteg pada teka dewe.
d. Gotong royong dipandegani dening kepala dusun

3. Wong padesan pada dandan kreteg. Tembung kang padha tegese karo tembung gotong royong yaiku…
a. Tumandang gawe
b. Munggah gunung
c. Nyambut gawe
d. Gugur gunung

4. Witing mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso. Cangriman mau batangane…
a. Godong nangka
b. Godong duren
c. Godong mlinjo
d. Godong gedang

5. Danu kuwi bocah landep dengkul. Mula ora munggah kelas. Landep dengkul tegese…
a. Bodho
b. Nakal
c. Pinter
d. Sregep

6. Seni kethoprak mligine kethoprak panggung kang asipat tradisional, sengsaya kadesak dening kesenian kang asipat moderen, kaya dene filem, video, CD utawa VCD.
Inti paragrap ing dhuwur yaiku…
a. Mligine kethoprak panggung
b. Kesenian kang asipat moderen cacahe akeh
c. Kesenian kethoprak kadesak kesenian moderen
d. Kethoprak kalebu kesenian tradisional

7. Kanggo nyukupi kebutuhan pangan, para among tani pada nandur pari. Anggone nandur pari ing mangsa rendeng. Ing mangsa ketiga, sawah kang bisa diileni banyu uga bisa ditanduri pari. Malah sawah ing sakiwa tengene ilen-ilen saka waduk bisa ditanduri pari setahun kaping telu.
Irah-irahan kang trep kanggo paragraph ing duwur yaiku…
a. Among tani
b. Mangsa rendeng
c. nandur pari
d. tanah sawah

8. Ukara ing ngingsor kang migunakake basa karma yaiku…
a. Pak guru nendika yen awan iki arep tindakan
b. Pak guru ngendika menawa awan iki arep tindakan
c. Pak guru sanjang yen awan iki arep kesah
d. Pak guru ngendika menawisiyang menika badhe tindakan

9. Gadung mangkat sekolah ….udane deres banget
Tembung sambung kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku …
a. Lan
b. Karo
c. nalika
d. kanggo

10. Ukara ing ngingsor iki kang migunakake tandha waca kanthi trep yaiku…
a. “Man, ayo mulih saiki, kandane Budi marang Parman.”
b. “Man, ayo mulih saiki!” kandane Budi marang Parman.
c. Man, ayo mulih saiki! kandane Budi marang Parman.
d. Man, ayo mulih saiki? kandane Budi marang Parman.

11. Wong urip iku kudu sregep golek sandang…
a. Pangan
b. Papan
c. panggonan
d. sandhangan

12. Wong kang pagaweane gawe barang-barang saka wesi diarani …
a. Jlagra
b. Pande
c. sayang
d. kemasan

13. Bondan sinau maca jawa.
Bondan sinau nulis jawa.
Ukara ing dhuwu menawa digawe ukara majemuk dadi…
a. Bondan sinau maca jawa lan bondan sinau nulis jawa.
b. Bondan sinau maca jawa karo nulis jawa
c. Bondan sinau maca sinambi nulis jawa
d. Bondan sinau maca lan nulis jawa.

         Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
14. Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...
a. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
b. Bocah-bocah kelas VI kemah     
c. Kemah pramuka ing Wonosalam
d. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

15. Ukara sing nggunakake tembung rangkep dwi purwa yaiku ...
a. Bocah sing menang lomba oleh bebungah
b. Bocah-bocah padha dolanan ing latar
c. Aja bengak-bengok, simbah lagi sare
d. Yen dikandhani aja cengingisan

16. Sing kalebu tembung dwi lingga yaiku ...
a. Bapak-bapak
b. alun-alun
c. ondhe-ondhe
d. paru-paru

17. Kulite (busik) amarga adus banyu kali.
Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi wasana dadi ...
a. Busik-busik
b. busak-busik
c. sisiken
d. besisik

18. Ibu : “Mar, Mar, tangia!”
Marni : “Ana apa bu? Aku isih ... “
Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung ...
a. Nulis
b. maca
c. ngantuk
d. sinau

19. Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”
Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”
Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?
a. Kapan olehe kemah c. karo sapa olehe kemah
b. Apa sida melu kemah d. ing ngendi olehe kemah

20. Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...
a. HUT RT
b. Persami
c. Ulangan Harian
d. Perpisahan

21. Yen ditulis latin nganggo aksara latin yaiku ...
a. Congkrah agawe bubrah
b. Congkrah dadi bubrah
c. crah agawe bubrah
d. crah dadi bubrah

22. Badriah kuwi pancen bocah sregep.
Sregep kosok baline yaiku ...
a. Sembrana
b. ngebreh
c. bodho
d. kesed

23. Senapatine Kurawa ing perang Batarayuda yaiku ...
a. Gathutkaca
b. Adipati Karna
c. Nakula
d. Sadewa

24. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...
a. Guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra

25. Sing kalebu tembang macapat yaiku ...
a. Kinanthi, pucung, sinom
b. Kinanthi, sinom, balabak
c. Balabak, gambuh, mijil
d. Mijil, gambuh, megatruh

26. Senjata Kunta bisa ngenani Raden Gathutkaca nganti nemahi palastra.
Palastra padha tegese karo ...
a. Semaput
b. lunga
c. mati
d. ilang

27. Ancik-ancik pucuking eri.
Tegese paribasan kuwi ...
a. Ora duwe kekuatan maneh
b. Tansah duwe rasa kuwatir amarga nandhang kaluputan
c. Wong pinter mungsuh padha pintere
d. Rebutan barang sing ora mbejaji

28. Kena iwake aja nganti buthek ...
a. Panggone
b. wadhahe
c. banyune
d. kaline

29. Ana brambang sasen lima, ayo berjuang ...
a. Bela Negara
b. nganti mati
c. sing taberi
d. nganti rekasa

       Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
30. Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku ...
a. Joko Seger
b. Roro Anteng
c. Joko Seger lan Rara Anteng
d. Gunung Lejar

II. Isinono ceceg ceceg ing ngisor iki kanti bener !

1. Raden Werkudara kuwi pancen satriya kang gagah ...
2. Raden Gathutkaca iku satriya iang ...
3. Wedang bubuk gula tebu Mata ngantuk ...
4. Aja (jawil) wae mengko mundhak didukani simbah.
    Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi lingga salin swara dadi ...
5. Bulik nggoreng iwak mujair.
    Lesane ukara kuwi yaiku ...
6. Karepe ngono lelaku irit, nanging malah ora keduman.
    Yen diparibasakake eman-eman ora ...
7. Granat, yen ditulis nganggo aksara jawa ...
8. Bapak dipun caosi unjukan kopi.
    Di pun caosi basa ngokone ...
9. Sing padha sregep sinau ... dadi bocah pinter.
10. Tembang pucung cacahe ana ... gatra.

III. Isinana!
1. Ukara iki gawenen basa krama inggil!
    Bapak lunga menyang Solo numpak sepur.
2. Ukara ing ngisor iki udhalen kanthi pola jejer – wasesa – lesan – katrangan!
    Tika methik kembang mlati ing taman.
3. Ukara kandha iki dadekna ukara crita!
    Bu Guru dhawuh “Kowe sing sregep sinau”
4. Gawea parikan sing trep nganggo ukara iki!
     Ngasah arit nganti landhep.
5. Tulisen nganggo aksara jawa!
    Abang-abang ora legi

Saturday, January 23, 2016

Soal UTS Bahasa Jawa Kelas VI Semester 2

Nandur Palawijo

            Nalika sasi Agustus para Among tani bubar panen gadhu. Sawahe pak Hasan klebu sawah tadhah udan. Dadi Manawa wis bubar sasi Agustus ora bakal oleh oncoran banyu maneh. Olehe banyu mung saka banyu udan. Mula iku sawah tadhah udan yen wis bubar panen gadhu banjur ditanduri palawija. Tanduran palawija iku jenise werna-werna kayata jagung, pohung, tela, kacang ijo lan kedhele. Tanduran kedhele kira-kira 90 dina.
…………………………………………………………………………….
Kapetik saka : Buku Wursita basa 6 hal 9

I. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c, dan d ing sangarepe pratelan kang bener.
1. Pak Hasan panen gadhu ana ing sasi …
a.  Juni
b.  Juli
c.  Agustus
d. September

2. Bubar panen gadhu pak Hasan nandur …
a. palawija
b. pala pendhem
c. pala gumantung
d. pala kasimpar

3. Umur kedhele kang wis bisa dipanen yaiku …
a. 80 dina
b. 90 dina
c. 100 dina
d. 110 dina

4. Ing ngisor iki dudu paedahe wadhuk …
a. tandhon banyu
b. ngoncori sawah
c. PLTA
d. gawe rugi

5. Kang kalebu dasanamane toya yaiku …
a. warih, banyu
b. maruta, angin
c. siti, bantala
d. bumi, bawana

6. Pari iku sing ditanduri …
a. domine
b. berase
c. gabahe
d. katule

7.  Kedhele iku bahan baku …
a.  sega
b. tahu
c. roti
d. tape

8. pari sing umure cendhak diarani …
a. pari gaga
b.pari jero
c. pari genjah
d. pari wulu

9. Wosing alinea diarani …
a. pikiran baku
b. irah-irahan
c. judhul
d. alinea

10. Emi   …    dhuwit ibu sepuluh ewu rupiah.
a. dicaosi
b. disukani
c. diparingi
d. diwenehi

11. Bapak    …   rapat ana    …   pak Budi.
a.  diaturi, daleme
b.  diundang, daleme
c.  diundang, omahe
d.  diaturi, omahe

12. Durung kabeh desa     …     listrik.
a.  cukup butuh
b.  kecukupan, kebutuhan
c.  kecukupan, mbutuhake
d.  sacukupe butuhe

13. Kutha Ponorogo kondhang reyoge. Ukara iku wangsulan saka pitakon …
a. Wong ngendi sing dadi reyog Ponorogo?
b. Apa ana reyog ing Ponorogo?
c. Kutha ngendi sing kondhang reyoge?
d. Saka ngendi reyog Ponorogo iku?

14.    

Tulisan Jawa iku diwaca …
a. Dadi murid manut guru.
b. Dadi murid kudu manut guru.
c. Dadi murid wegah sinau.
d. Dadi murid kudu wani.

15. Bawa bocah sregep sinau. Kosok baline sregep …
a.  karep
b.  kasep
c.  kasap
d.  kesed

16. Kembang krambil iku aran …
a.  manggar
b.  mayang
c.  menik
d.  menthik

17. Pak guru saweg nulis wonten papan tulis. Tembung nulis sing bener …
a.  nganggit
b.  ngagem
c. ngasto
d. nyerat

18.                            
                                                                                                                                      Gambar wayang sing ing duwur jenenge yaiku
a. Werkudara
b.  Harjuna
c.  Nakula
d. Sadewa

19. Panyandra kanggo tangan kang apik yaiku …
a. ndamar kanginan
b. manggis karengat
c. nggendewa pinentang
d. nggula satemlik

20. Pandhawa iku ana sing kembar, aran …
a.   Harjuna, Janaka
b.  Nakula, Sadewa
c.  Werkudara, Sadewa
d.  Werkudara, Nakula

21. Ukara kang nggunakake ngoko alus, yaiku …
a.  Aku ora sida tindak nggone panjengan
b.  Dhik kowe sida lunga apa ora?
c.  Aku mengko sida ngampil buku panjenengan, mbak.
d.  Mbak kowe arep lunga menyang ngendi?

22. Raden Gathutkaca kuwi putrane raden …
a.  Puntadewa
b.  Janaka
c.  Nakula
d.  Werkudara

23.                                  
   Ukara kang trep karo gambar ing kiwa iki, yaiku …
a. Bocah-bocah kelas enam lagi padha olahraga ing plataran sekolah
b. Bocah-bocah lagi gugur gunung nandur kembang
c. Bocah-bocah lagi padha geguyonan ana sing latar
d. Bocah-bocah lagi padha upacara ana ing latar

24. Panulise jawa numpak jaran yaiku …
a.      
b.      
c.      
d.      

25. Bapak : “Tar, yen arep lunga pamitan ibu lan ngati-ati!”
Ukara sing diucapake bapak klebu …
a. pakon
b. pitakon
c. piweling
d. prentah

II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang trep!
1. Johan didukani gurune amarga dheweke clemer.
   Clemer tegese …
2. Mbah mangga nedhi rumiyin!
    Tembung nedhi ora trep, benere …
3.  Kulahe wis kebak     …     aja ditambahi bae.
     Tembung kang trep kanggo ngisi ukara ing nduwur yaiku …
4.        
     Sandangan aksara jawa iku diarani  …











5.  Perangane layang iku, pambuka, surasa basa lan …
6.  Krama inggile Wis suwe bapak nunggu aku, yaiku …
7.  Pak Karto yuswa 60 tahun. Bapak yuswa 50 tahun.
     Pak Karto langkung      …       tinimbang bapak.
8.  Prakawis alit wusananipun dados ageng.
     Bebasan ingkang trep kangge ukara ing nginggil, kriwikan dadi …
9.  Ibu mundhut roti. Ukara iku yen didadekake uka tanggap dadi, Roti        …         ibu.
10. Debog iku wit gedhang, pucang iku wit …

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo wangsulan kang bener!
1. Aranana tandhuran pala gumantung 3 bae!
2. Manuk mabur ngalor. Tulisen nganggo aksara jawa!
3. Aranana bagian-bagian pidato!
4. Punakawan iku ana papat. Aranana sapa bae!
5.    
     Critakno gambar ing sisih kiwa nganggo patang ukara!

Wednesday, September 16, 2015

Soal UTS Bahasa Jawa Kelas VI Semester 1

Wacanen  sing premati !

                                                                     R.A.KARTINI                      

                    R.A.Kartini   miyos  tanggal  21  April  taun  1879  ing  Mayong , Jepara , Jawa  Tengah.   Panjenengane   putrine   Raden  Arya   Sasradiningrat ,  bupati ing  Jepara . Sanajan ramane  dadi  bupati ,   R.A.Kartini  tansah   nggalih   nasibe bangsane. Utamane   nasibe   para   putri   Indonesia    sing  dhek  semana   ketinggal- an   banget   kemajuane   karo   para   putra.   Malah   wiwit   cilik   para   putri   dipingit dening   wong   tuwane. Kagawa  saka  rasa  asihe  marang  bangsane , utamane  para  putri R.A. Kartini  ngedegake     sekolahan   kanggo  mulang  wuruk  para  putri  supaya  bisa   pinter  lan  prigel  .Sekolahan  iku  didegake  sawise  R.A.Kartini  dhaup  karo  Raden  Mas Adipati  Arya  Jayahadiningrat  taun  1903.  Raden  Mas Adipati  Arya  Jayahadiningrat Iku  bupati  ing  Rembang .           
 I .WENEHANA  TANDA  PING   ( X )  AKSARA   a  , b,  c,  UTAWA  d !
 1 Apa  irah-irahane  wacan ing  ndhuwur    ?    
    a.R.A.Kartini                        c.R.M.Jayahadiningrat
    b.R.A.Sastradiningrat        d.R.A.Jayahadiningrat         
                                                             
 2. Isine  wacan  ing  ndhuwur  nyritakake  perjuanganane  Ibu  Kartini  ing  babagan  .  .   .   .                 a. Kesehatan                         c.Pertanian
    b. Pendidikan                        d, Lingkungan

3.R.A.Kartini  miyos  tanggal  21  April  taun  1879.  Tembung  miyos  ing  sajroning  ukara  kasebut  nduweni  teges .  .  .  .
   a.liwat                                    c. lair
   b.medal                                 d. metu

4. R.A.Kartini  ngedegake  sekolahan  kanggo  mulang  muruk  para  putri. Tembung ngedegake   kosok balene .  .  .  .
    a. nglungguhake      c.ngrubuhake
    b.nurokake                             d.nglakokake

5.Miturut  isine  wacan  ing  ndhuwur  kasebut,  ngandhut   pesen    supaya   para  putri   .  .  .  
   a.ora  bisa  kalah  karo  para putra
   b.luwih  asor  tumrap  para putra
   c.luwih dhuwur  drajate  tumrap  para  putra
   d.pinter  lan  prigel  saengga  ora  ketinggalan  karo  para  putra

6.Tembung-tembung  ing  ngisor  iki  sing  klebu  tembung  camboran  yaiku .  .  .  .
   a.andhap  asor                         c.bangcuk
   b.blaka  suta                             d.adi  luhung                                              

7.Sing  nonton  bal-balan  jejel .   .   .   ngebaki  stadion.
  a.muyel                                     c.menceb 
  b.riyel                                       d. ngeyel

8.Wis  ana  sawulanan  Reni  nandhang  lara  .  Mulane  awake  tansaya  kuru  sasat  mung  kari 
 .  .  .  .
 a.dubang                                 c.bangjo
 b.lunglit                                   d.bangcuk

.9. Ngger  putuku,  rungokna  pituturku
     Sira  ngabektiya
     Marang  yayah  sarta  wibi
     Iku  mono  dhawuhe  Gusti  Pangeran
Isine  geguritan  kasebut  ngandhut  pesen  supaya  kita  kabeh  kudu .  .  .  .
 a.manut  yen  dituturi           c.ndonga  murih  wibawa
 b.manembah   Gusti              d.ngabekti  marang  wongtuwa

10.   Sira  ngabektiya ,
    Marang  yayah    sarta  wibi
    ------------------------------------
    Ukara  geguritan  kasebut  yen  didadekake  ukara  gancaran  dadine .  .  .  .
  a.kowe  kudu  ngabekti  marang  manungsa
  b.kowe  kudu  ngabekti  marang  Gusti  Pangeran
    c..kowe  kudu  ngabekti  marang  wongtuwa
  d.kowe  kudu  ngabekti  marang para  leluhur

11. Tulisan  Jawa  kasebut  diwaca .  .  .  .
 a.dirubung  curut                    c.disurung  katut
 b.disurung  manut                  d.dirubung  semut

12.   Pardi  sinau  maca.    Yen  ditulis  Jawa  .  .  .  .
a.                               
b.
c.
d.

13.Ditakoni  kok  mung  ngembang  .   .   .   , aja  ndrenges  wae.
a.jambu      c.asem
b.suruh      d.bakung

14.Roning  .   .   .    mas , sampun   sayah  nyuwun  ngaso.
a.asem      c.lombok
b.krambil      d.mlinjo

15.Parmin  lan  Slamet  ngangkat  meja  ing  kamar. Ukara  kasebut  mawa  tatanan .  .  .  .
a.J . W . K . L      c .L . W .J .K
b. J .W .L .K      d. L .W .K .J

16. .Yen  ditulis  latin .  .  .  .
a.sapa  kepradah      c.bapa  kepradhah.
b.japa  mantra      d.jaya  kepradhah

17.Ibu  ngendika , “Yen  nunggang   sepedhah  sing  ati-ati , Le !”  Ukara  kasebut  klebu ukara  .  .  .   a.kandha                    c.tanggap
b.crita      d.tanduk

18.Pak  Guru  dhawuh, “ Bocah-bocah , kowe  kabeh  kudu  sing  rukun !       
 Ukara  kasebut  yen  didadekake  ukara  crita  dadine .  .  .  .
a.Pak  Guru  dhawuh  bocah-bocah  lan  kowe  kudu  rukun
b.Pak  Guru  ndhawuhi  kabeh  bocah-bocah  supaya  sing  rukun
c.Pak  Guru  dhawuh  kudu  rukun  karo  bocah-bocah
d.Pak  Guru  lan  bocah-bocah  didhawuhi  yen  kudu  rukun

19.Godhong  gedhang  garing  diarani .  .  .  .
a.dliring    c.klaras
b.kajang      d.procot

20.Isine  asem  arane  klungsu , yen  isine  duren  arane .  .  .  .
a.botor        c.bethem
b.pongge      d.klathak

21.Kembange  blimbing  wuluh  kuwi  kena  digawe  tamba  lara .  .  .  .
a.weteng      c.panas
b.linu        d.watuk

22.Parmin  negor  kayu  nganggo  graji. Kang  dhapuk  lesane  ukara  kasebut  yaiku .  .  .  .
a.Parmin        c.kayu
b.negor    d.graji

23.Anake  pitik  jenenge .  .  .  .
a.kuthuk        c.beyes
b.bledug        d.munyuk

24.Pagupon  iku  jenenge  kandhang .  .  .  .
a.pitik    c.jaran
b.macan    d.dara

25.Balung  klapa , ethok-ethok  ora  ngerti . Balung  klapa  tegese .   .  .  .
a.bathok   c.klothok
b.pathok     d.menthok

26.Ukara  ing  ngisor  iki  sing  klebu  krama  alus  yaiku .  .  .  .
a.Bapak  lagi  maos  koran
b.Aku  diutus  ibu  tuku  gula
c.Budhe  maringi  sangu  aku
d.Ibu  sampun  kondur  nitih  dhokar

27.Bapak  wis  mulih  saka  sawah. Ukara  kasebut  yen  didadekake  krama  alus .  .  .  .
a.Bapak  sampun  wangsul  saking  sabin
b.Bapak  sampun  kondur  saking  sabin
c.Bapak  wis  kondur  saka  sawah
d.Bapak  wis  wangsul  saka  sawah

28.Emboke  dielus-elus ,  anake  diidak-idak. Unen-unen  iki  klebu .  .  .  .
a.pepindhan c.paribasan
b.wangsalan d.cangkriman

29.Pitik  walik  saba  kebon , batangane .  .  .  .
a.kates c.nanas
b.waluh d.gedhang

30.Kuku  Pancanaka  kuwi  gegamane .  .  .  .
a.Arjuna   c.Puntadewa
b.Wrekudara d.Nakula

31.Putra pambarepe  Pandhawa  yaiku .  .  .  .
a.Arjuna c.Puntadewa
b.Wrekudara d.Nakula

32.   -----------------------------------------------------------------------------------------------------------
Tekan  omah  Jaka  Kendhil  crita  karo  emboke, anggone  mentas  weruh  putri adus  ing  tengah  alas. Jaka  Kendhil  banjur  nembung  marang  emboke  yen  arep  ngancani  putri  ragil  kuwi , nanging  emboke  menging .  Jaka  Kendhil  banjur  kongkonan  emboke  supaya  nglamar  putri  sing  ragil  kuwi  ana  ngarsane   sang Prabu. 
Irah-irahan  sing  trep  kanggo  crita  ing  ndhuwur  yaiku .  .  .  .
a.Jaka  Kendhil c.Putri  Ragil
b.Sang  Prabu d.Mbok  Randha

33.Jaka  Kendhil  rumangsa  .   .   .   marang  putri  sing  lagi  nandhang  susah.
a.seneng c.welas
b.serik d.bungah

34.Manuk  tuhu  mencok  pager
 Ayo  sinau  ben .  .  .  .
a.banter c.santer
b.pinter d.seger

35.Isi  parikan   ing  soal  nomer  34  kasebut  ,manggon  ing  gatra  ka.  .  .  .
a.pisan c.telu
b.loro d.papat

36. Mung  welingku
Mbudidaya  ngelmu  utama  iku  wajib
Aja  lena  lan  sembrana
Ben  dadi  wong  kang  mulya
Apa  tegese  tembung  mbudidaya  ing  ukara  geguritan  kasebut  ?
a.pesen c.nganakake
b.nggolek d.ngedegake

37.Miturut  isine  geguritan  kasebut  ,geneya  mbudidaya  ngelmu  utama  iku  wajib ?
a.ben  sakti  mandraguna               c.ben  dadi  wong  sing  mulya
b.ben dadi  wong  sing  lena       d.ben  dadi wong  sugih

38.Isi  geguritan  ing  soal  nomer  36  kasebut,  ngandhut  pesen  yen  satemene  nggolek  
ngemu sing  utama  iku  hukume .  .  .  .
a.wajib c.ora  perlu
b.ora  wajib d.rada  wajib

39.Ibu  lagi  mbunteli  naga .  .  .  ing  amben  mburi.
 a.taun c.sari
b.sasra d.dina

40.Sari  lan  Dewi  latihan nglangi  ing  Selokambang. Kang  dhapuk  jejering  ukara  kasebut  
 yaiku  .  .  .  .
a.Sari  lan  Dewi c.nglangi
b.latihan d. ing  Selokambang

41.Sampeyan  badhe  tumbas  punapa ? Ukara  kasebut  klebu  basa  krama .  .  .  .
a.inggil c.lugu
b.alus d.madya

42.Raden  Arjuna  kagungan  gegaman  sekti  kang  awujud  panah , yaiku :
a.Panah  Pasopati c.Panah  Wijayandanu
b.Panah  Guwawijaya d.Panah  Songsong  Tunggulnaga

43.Putra  Pandhawa  kang  awatak  jujur  lan  ora  bisa  basa  yaiku .  .  .  .
a.Yudhistira c.Bimasena
b.Janaka d.Nakula

44.Keturunane  pitik  Jawa  karo  pitik  alas  diarani .  .  .  .
a.bekikuk c.kate
b.bekisar d.kedu

45.Waluh, semangka, lan  timun  kuwi  klebu  tanduran .  .  .  .
a.palakirna c.palawija
b.palakependhem d.palakesimpar

46.Tahu  lan  tempe  kuwi  digawe  saka .  .  .  .
a.tebu c.tela
b.jagung d.kedhele

47.Kembang  lombok  arane  menik, yen  kembang  kacang  arane .  .  .  .
a.besengut c.drenges
b.mayang d.gleges

48.Tukang  nabuh  gamelan  kuwi  diarani .  .  .  .
a.niyaga c.waranggana
b.juru  gendhing d.pacalang

49.Karawitan  iku  kabudayan  kang  adiluhung, mula  kudu.  .  .  .
a.disirnakake c.dilestarekake
b.disingkirake d.dilirwakake 

50.Kucing  ireng  kae  mangan  tikus  .Yen  didadekake  ukara  tanggap  dadi . .  .  .
a.Tikus  ireng  kae  dipangan  kucing
b.Kucing  dipangan  tikus  ireng  kae
c.Tikus  dipangan  kucing  ireng  kae
d.Dipangan  tikus  ireng  kae  kucing

Wednesday, August 26, 2015

Soal Bahasa jawa kelas VI ragam wacana lisan melalui pembacaan tulis surat dan cerita wayang.

I. Guru membacaka teks surat



Pilihen a, b, c, atau d ,jawaban sing bener!

1. Sapa sing kirim layang?
    a. Kartani b. Kartono c. Kartini d. kartino
2. Ing wnaci opo layang kiriman teko?
    a. Awan b. benngi c. sonten d. esok
3. sapa sing maos laying kiriman soko karsono?
a.eyang kakung c. paman
b. eyang putri d. bibi
4. sapa asmane eyang kakunge kartono…
a. mbah suro c. mbah karno
b. mbah diro d. mbah truno
5. apa sing disuwun kartono marang eyange…
a. donga pangestu c. bondo donya
b. arto d. nurenggo
6. Alat komunikasi sing wis diganti fungsine ngangge sms yaiku…
a. Radio  b. TV     c. telepon    d. layang/ surat
7. Koran minangka warta.warta tegese…
a. majalah   b. kabar   c. dongeng   d. tulisan
8. puisi jawa diarani?
a. prosa  b. gancoran  c tembang   d. geguritan
9. Kula ngangge niku mawon. Ukara iki supaya dadi basa sing apik kepriye?
  a. kula ngangge niku kemawon
b. kulo ngangge puniko mawon
c. kulo ngangge puniko mau
d. kulo ngangge puniko kemawon
10. Tembung nakokake linggane…
  a. nuku  b. tuku   c. tukon   d. tetukon

II. Guru membacakan bacaan “bimo bungkus”

Wangsulana kang patitis!

1. Pira cacahe pandawa?
2. Sapa bae pandhawa iku?
3. Sapa sing bisa mecah bungkus?
4. Genca bungkus dibuang menyang alas?
5. Sapa sing nunggu bungkus ana alas?
6. Apa irah irahan wacan ing duwur?
7. Kocap,kayangan  gonjing ,suwuh gara-gara,Apa tegese genjing?
8. Sebutna sapa wae punakawan iku?
9. Das namane Janaka sopo?
10. Perang Bratayuda kuwi perange antarane pendhawa karo sopo?

III. Gawea naskah pidato !